album cover
Lamunan
117
Asia
Lamunan was released on October 5, 2024 by Ka boel studio as a part of the album Lamunan - Single
album cover
Release DateOctober 5, 2024
LabelKa boel studio
Melodicness
Acousticness
Valence
Danceability
Energy
BPM113

Lyrics

[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
[Verse 1]
Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenging ati
Angen-angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu, dhuh, Kangmas
[PreChorus]
Wong bagus, age nyedhaka ning sandhingku
Nyawang manising esemmu
Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu, Sayangku
[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
[Verse 2]
Wong bagus, age nyedhaka ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu, dhuh, sayangku
[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Written by: Wahyu F Giri
instagramSharePathic_arrow_out􀆄 copy􀐅􀋲

Loading...