Lyrics

Sah Jam sewelas bengi aku mbok tinggalna Mbok tolak tanpa sebab sing pasti Nglarani Aku kadhung sayang Kadhung gadhang-gadhang Lungamu dadi traumaku Ngene men kisah bujangku Adheme angin wengi teka Ngancani aku kelangan kanca crita Jane namung masalah tresna Tapi kok ya lara? Yen akhire wirang, ben wirang pisan Yen akhire lara, ben lara tenan Apa wong tulus wis garise ngene? S'lalu ngancani, ilang ending-e (ilang ending-e) Tresnaku kaya bonsai anting putri Mbok sirami rina lan wengi Masiya elok, endah disawangi Tapi dipeksa ra isa gedhi Uh-wo-oh Sabar ati (sabar ati), sabar ngadhepi Nandure kembang, thukul wirang Yungalah tenan, nandhese tenan We nganggep aku mung sewates kancamu Iki namung masalah tresna Tapi kok ya lara? Yen akhire wirang, ben wirang pisan Yen akhire lara, ben lara tenan Apa wong tulus wis garise ngene? S'lalu ngancani, ilang endinge, ho-oh Tresnaku kaya bonsai anting putri Mbok sirami rina lan wengi (rina lan wengi) Masiya elok, endah disawangi Tapi dipeksa ra isa gedhi Jane namung masalah tresna Tapi kok ya lara?
Writer(s): Bagus Muhammad, Denny Setiawan Lyrics powered by www.musixmatch.com
instagramSharePathic_arrow_out